Selasa, 04 Desember 2012

NOGO DINO

Nogo Nogo dino wis dadi tembung umum mungguh wong jowo.
Aku dhewe ora mudheng, ngopo kok diarani nogo ?!..
Kok ora diarani macan utowo gajah umpamane..
Hehehe..
Sakngertiku Nogo dino iku kanggo petungan wong lelungan.
Tegese yen lelungan ojo nganti marani panggone nogo.
Petungane Nogo dino iku werno werno, ono sing miturut dinone, ono sing miturut pasarane, utowo miturut neptu dino lan pasaran.
Ugo ono maneh nogo sasi, nogo tahun lan nogo jatingarang.
Yen nogo dino, nogo pasaran lan nogo neptu panggone pindhah saben dinane, ora koyo nogo sasi,nogo tahun lan nogo jatiungarang sing pindhahe saben telung sasi pisan.
Koyo mangkene panggone nogo dino :

Akad : Kidul.
Senen : Kidul kulon.
Seloso : Kulon.
Rebo : Lor Kulon.
Kemis : Lor, Lor wetan.
Jumah : Wetan
Setu : Kidul Wetan

Panggone nogo pasaran :

Kliwon : Tengah.
Legi : Wetan.
Paing : Kidul.
Pon : Kulon.
Wage : Lor.

Panggone nogo miturut neptu dino lan pasaran :
Neptu dino lan neptu pasaran dijumlah yen ketemu :

7,12,17 : Nogo ono Lor Wetan.
8,13 : Nogo ono Lor Kulon.
9,14 : Nogo ono Kidul Kulon.
10,15 : Nogo ono kidul Wetan.
11,16,18 : Nogo ono wetan.

Panggone Nogo sasi (Ngalihe saben telung sasi) :

Poso, Sawal, Selo : Kidul.
Besar, Suro, Sapar : Kulon.
Mulud, Bakdamulud,Jemadilawal : Lor.
Jemadilakir, Rejeb, Ruwah : wetan.

Panggone nogo tahun (Ngalihe saben telung sasi) :

Besar, Suro, Sapar : Lor.
Mulud, Bakdamulud, Jemadilawal : Wetan.
Jemadilakir, Rejeb, Ruwah : Kidul.
Poso, Sawal, Selo : Kulon.

Panggone nogo jatingarang (Ngalihe saben telung sasi) :

Suro, Sapar, Mulud : Wetan.
Bakdomulud, Jemadilawal, Jemadilakir : Kidul.
Rejeb, Ruwah, Poso : Kulon.
Sawal, Selo, Besar : Lor.

Prayogane den weruhi, Sakabehing kaperluan ojo nganti marani panggone nogo, luwih luwih yen tumbuk antane nogo taun lan nogo jatingarang.
Dene tumbuke nogo taun lan nogo jatingarang iku ono ing sasi Besar, Mulud, Jemadiulakir lan Poso....

13 komentar:

  1. meniko saking entar entarane SRISADANA putranipun batara wisnu turun kaping 9 saking syang hyang adhama.mekaten mas B'DJO..matur sagunging panuwun rawuhipun..mugi sami pinanggiha raharjeng ing saklaminipun.

    BalasHapus
  2. Pripub carane njumplah nogo dino

    BalasHapus
  3. Badhe tanglek gus lek bongkar omah seng dino apek
    dino opo gus ? Dino lan wulan nopo . Mator nuwon gus sakderengipun....mugi tetep raharjo rahayu

    BalasHapus
  4. tercipta nya alam semesta ini ada rumus dan perhitungannya,seperti perhitungan membuat es teh,ada satu sendok gula,sak jumput teh setengah gelas banyu putih,karo es batu setengah gelas.demikian perhitungan jawa jg ada rumus ya

    BalasHapus
  5. Mbh saya mau krj ke semarang..saya didaerah pati.. mauv brngkt hari ini baik apa tidak mbh?

    BalasHapus
  6. wilujeng siang.. badhe nderek tangklet.. menawi dinten rebo kliwon tanggal 10 mei 2017 niku nogo dino ne tembe pundhi? matur suwun

    BalasHapus
  7. bde ngngsu kaweruh babakan sebtu neptunepun songo pahing neptunipun songo meniko kados pundi kok sged kados puniko suwun ........

    BalasHapus
  8. Kalau pindah hari kamis legi posisi rumah ke utara dari rumahku dan menghadap keselatan rumahnya dan pintu masuk hadap timur bagus tidak

    BalasHapus
  9. Nogo dino ketemu 16 untuk pilihan lurah

    BalasHapus
  10. Kalau pindah rumah senen wage gimna mbah rumah saya mnghadap utara

    BalasHapus