Kamis, 23 Mei 2013

41 TAHUN AGUNG PAMBUDI KEDIRI 10-06-1972- BATAVIA 10-06-2013

41 TAHUN AGUNG PAMBUDI 
KEDIRI 10-06-1972- BATAVIA 10-06-2013


KUBACA KITABKU ,KITAB PRIBADIKU,KITAB PERJALANAN HIDUPKU.

MULO BUKANE JAGAD AGUNG SANGKAN PARANING DUMADI
mulo bukane dumadine jagat agung....duk nalikane jaman isih awang uwung sing ono mung gusti allah.kahanan awang-uwung ora kasat ing mripat kasar-tan keno kinoyo ngopo,nanging ono,jalaran ono doyo panguawasane,gusti banjur nyipto wewujudan telu cacahe,sak banjure gusti ugo banjur manunggal ing kahanan telung warno mau kang di arani trimurti (telu-teluning atunggal).
telu warnane, ugo telu katone.ugo telu pakartine,nanging tungal yo kang murbo-lan waseso yoiku gusti kang moho tunggal.
1.wewujudan kang sepisan kang paring asmo suryo(srengenge)anduweni doyo panguoso panguripan sagunging dumadi ,kasar lan lembut kabeh soko doyo panguwasane suryo..
2.wewujudan kang kapindo keno
diarani condro Rembulan)duwe panguwoso pangayoman,menehi sandang pangan lan kemakmuran,ngopeni lan ngipuk-ipuk.
3.wewujudan kang katelu,diarani kartiko(LINTANG) duwe doyo keadilan lan pepati,tugase nyirnak ake sekabehe wewujudan kang sipate ora langgeng.
telu-telune doyo panguwoso iku mau mubengg hanyokro manggilingan,mubeng terus ganti -gemanti ora ono pedote.
suryo akaryo gesang,diopeni lan di ayomi dening condro,terus di sirnak ake dening kartiko,kahanan mangkono terus lumaku ora ono kendate nganti selawas -lawase.
1.suryo sakliyane duwe doyo panguwoso panguripan ugo duwe doyo panas,lan doyo panas mau biso mujudake geni ,kang sakteruse tibo ing awang-uwung antarikso.
2.condro sakliyane duwe doyo panguwoso angayomi ugo duwe doyo adem sak banjure doyo adem mau biso awujud banyu,wusanane ugo tiboing awang-uwung antarikso....
3.kartiko(LINTANG)..sakliiyane duwe doyo adil lan pepati..ugo duwe doyo (HOWO SUWUNG/NETRAL) KANG SINEBUT ANGIN..angin mau ugo banjur tibo ing antarikso ono ing alam awang-uwung..
wewujudan 3 telung warno mau sakteruse kumpul dadi siji ono ing antarikso,katiup ing angin soko duwur-mangisor,soko kidul-mangalor,soko etan -mangulon,suwe-suwe geni,banyu,howo mau mandeg,ono ing tengah2e jagad,GUMANTUNG TANNPO CANTELAN,yo wewujudan iku mau kang di arani  MAHMA.

SUWE2 MAHMA mau banjur nngintip (ngerak)dene intip mau mujudake pamelikan,koyo to wesi ,waja,emas,perak,lan liyo liyane..suwe2 pamelikan mau ugo ngremboko mujudake watu,watu ngrembbooko mujud ake pasir,pasir ugo ngremboko mujud ake lemah,
sarehne mahma mau wewujudan kang panas banget kamongko dibuntel dene watu pasir lan lemah,suwene suwe banjur nguap..mujud ake banyu lan ngrembes menyang pasir nganti tekan lemah.sak teruse lemah kang karembesan banyu lan keno kasunaran dayane suryo suwe2 ing lapisane bumi biso nukulake tetukulan kang warno2...
yo kahanan wewujudan kang koyo mangkono mau ing sakteruse di arani BUMI LAPIIS PITU.BUMI SAP PITU).
1.MAHMA.
2.PAMELIK'AN
3.WATU.
4.PASIR
5.LEMAH..
6.BANYU
7.TETUKULAN.
dene bumi iku anduweni cahyo ireng koyo mangkono iku asal usule JAGAD AGUNG.

lan mobah musik'e bumi kuwi di atur marang doyo panguwasane suryo,lan keno di arani TOTO SURYO...LENGKAPIPUN ALAM SEMESTA MENIKO kadunungan cahhyo SEMBURAT PAPAT WARNANE yo iku..
1.. abang asal soko SURYO.
2.kuning asal soko CONDRO/REMBULAN)....
3.putih asal soko KARTIKO.
4.IRENG asal soko BUMI.
sarehne cahyyo papat mau sing ora biso mantulake cahyane mung cahyo ireng,mulo cahyo abang,putih lan kuning mantulake cahyane marang cahyo kang ireng yo cahyaning bumi yo iki kang sinebut DUMADINE JAGAD AGUNG..........SANGKAN PARANING DUMADI.

BAB MULO BUKANE JAGAD ALIT BAWANA SETRA/BADAN WADAG.
(.SANGKAN PARANING DUMADI)

ing bab gumelaring jagad agung wis kito mangerteni yen kedadeyane bumi iku asal soko geni sing cahyane abang lan dayane panas,banyu sing cahyane kuning sing dayane addem,angin sing cahyaning putih sing duwe doyo hampa (netral).

kumpule geni-banyu lan angin(hawa) mujudake MAHMA,yo iku uripe bumi sing biso ngremboko mujud ake wadah bumi lapis pitu. kumpule doyo panas adem lan angin (hampa) mujudake CIPTO,ROSO,LAN KARSO. kumpule DAT ,yo iku bebakalane URIP SAGUNG DUMADI.
kumpule cahyo 3 warno,abang,kuning,putih..mujudake SUKSMO, yoiku badan alus,diarani (urip abadan alus) yoiku poro titah dewo batara lan dewi,jin pri prayangan.

doyo panas,adem,lan hawa(netral) sak durunge manunggal dadi siji wujud DAT, doyo kasebut sumebar ngebak'i antarikso (AWANG-UWUNG)utowo yen sak iki diarani(ATOM,ELEKTRON,NEUTRON).

kumpule cahyo 4 (papat) warno mujud ake NAFSU ,yoiku sing digunakake dene URIPe manungso abadan wadag.cahyo mau rupane abang,kuning,putih lan ireng.
kumpule sari2ne geni banyu angin lan bumi mujudake badan wadag (badan kasar) yoiku sing digunakake manungso urip abadan wadag.
sak durunge jagad gumelar iki kadunungan titah abadan wadag,sing ono luwih disik titah abadan alus yoiku,SUKSMO,dene titah tiah mau ing zaman semono diarani dewo-dewi,betoro-betari,jin priprayangan lan sakpinunggalane.
antarane titah2mau sing duwur tatarane yoiku dewo-dewi,betoro-betari,dene uripe poro titahh mau(titah abadan alus) mapane ora angambah bumi,sarto tangkar-tumangkarane ora liiwat hukum kelahiran....(kodrat kelahiran nanging liwat hukum sabda

KAHANAN MAU NGANTI PIRANG2 ATUS TAUN ..suwe2 ono salah sawijine dewo lan batoro ingkang nandang kalepatan gede marang gusti,soko panguwasane syang hyang tunggal dewo mau kasabdo dadi MANUNGSO ABADAN WADAG...lan manggon ing bumi.lan sak teruse hukume nganggo hukum kelahiran (KODRAT KELAHIRAN )dene dewo-dewi kang kasabdo mau keno diiarani MANU.

jeneng MANU mau manut hukume kodrat soko panjelmane poro dewo/batoro kang abadan wadag.dene jeneng MANUNGSO adedasar hukume kodrat,tang tumangkare,MANU dadi MANUNGSO LUMRAH.adedeasar hukum kelahiran..
dene poro MANU kang numangkarakake manungso wiwitan adedasar hukume kodrat kelahiran diarani SWAYAMBU MANU.

MULO BUKANE BADAN ALUS
(SANGKAN PARANING DUMADI)

kumpule ROSO,CIPTO,LAN KARSO,mujudake DAT.sing asale soko doyone trimurti(SURYO CONDRO LAN KARTIKO).iyo DAT iku suci meh podo karo sucine hyang MOHO SUCI,jalaran pancen DAT mau asal soko dayane GUSTI (keno disebut DAT ALLAH).
mung bedane yen sucine GUSTI ngebaki bawono (jagad) dene DAT SUCINE mung ngebaki badan wadag sak kojur ,gusti sing moho AGUNG nguwasani jagad sak isine dene DAT nguwasani badan wadag sak isine.iyo DAT mau sing dadi utusane GUSTI ,supoyo MEMAYU HAYUNING BAWONO,sak isine sarono hukum kelahiran lan hukum sabda.
hukum kelahiran nggunakake badan kasar
hukum sabda nggunakake badan alus SUKSMO. yen DAT nandang kaluputan(keno karmo)tumuli dadi utusan liwat hukum sabdo nganggo badan SUKSMO.
KARMA iku soko tembung KARYA MANAH.karma punIKO SOKO PANGUWASAN...E PIKIRAN (DIPUN PIKIR).

kabeh panggawe kang asal soko pikiran ,iku mesti nguwoh. panggawe apik ,uwoh apik,ngunduh apik,,panggawe olo nguwoh olo ngunduh olo koyo mangkono mau mungguh lungguhe hukum KARMA kabeh manungso kari ngunduh wohing pakarti (PANGGAWE)
SREHNE datt mau (dat abadan suksmo) nandang karma (olo utawi apik) mulo DAT kudu dadi utusan,liwat panjilman miturut hukum kelahiran.dadi yen ngono kabeh manungso urip sing dilahirake ing alam gumelar iku mesti nandang karma (dosa)sebab yen ora nandang karma/dosa ora bakal dilahirake manehing alam gmelar abadan wadag miturut hukum kelahiran,yen ora keno karma ateges isih saliro abadan alus/batara,ono ing alam alus/kadewatan miturut hukum sabda.
panjilmane DAT(urip) saliro batara menyang manungso puniko liiwat hukum kelahiran,dados kudu liwat SACUMBONO (saresmi) antarane priyo lan wanadyo.
kaweruh bab iki manut dawuh-dawuh utowo ujare poro leluhur koyo ing nggisor iki..
dek jamane sadurunge aku ono,bopo isih joko,ibu isih prawan,aku sejatine wis ono.

aku dumunung ono ing CIPTO,ROSO LAN KARSANE BAKAL BOPO LAN IBU,den arani SIR (GRENJET).
bareng bakal bopo lan ibu wis kadunungan SIR sakteruse SIRE bop lan ibu nukulake BUDI.

sakwise bopo la ibu nukulake budine aku banjur mapan ono ing JONOLOKANE BOPO+IBU WIS SACUMBONO(SARESMI) aku metu liwat kono.wujudku putih moyo-moyo asal soko campure cahyo abang ,kuning lan putih yoiku sing diarani MANI (SPERMA).MADI ,WADI,MANINGKEM,SUKSMO,ROSO,DAT KANG MOHO SUCI.

TELU -TELUNE ATUNGGAL IKU SEJATINE YO INGSUN (URIP) langgeng tan keno pati yo DAT ing GUSTI KANG MOHO SUCI.arep yoso badan wadag ono ing sakjeroning guwo garbane ibu,kanggo omahku urip abadan wadag ono ing alam gumelar nindakake kuwajiban URIP pinongko utusane GUSTI KANG MOHO KUWOSO.


Aku ono kandutane ibu umur sakwulan ,anggonku yoso badan wadag,ibu banjur kandeg (ora bulanan,sak banjure ibu gawe pakurbanan,(slametan) bubur suro,sakteruse angger tanggal 1 syuro kaum ibu podo ngaweruhi sarana pakurbanan bubur suro
ujude bubur suro iku digawe soko bubur putih kang di tumppanngi rajangan lombok abang lan rajangan dadar kuning iku mowo teges :kahananku,bakal badan wadagku kang telung warno,abang soko sari2ne geni,kuning soko sari2ne angin,putih soko sari2ne banyu,ing wektu iku bakal badan wadagku katambahan warno ireng soko sari2ne bumi liwat ppanggonan singg didahar ibu lan rumesep ing ari2 (wadahe pangan).
aku umur 2 wulan badan wadagku ujudte wis pating grendul,ibu banju4 gawe jenang grendul/jenang sapar/kang yektine diarani SAPARAN.
sakwise 3 wulan anggonku yoso badan wadag,badan wadagku wis wuujud cengkoronggan,yoiku .
1sirah
2.gembung
3.tangan.
4.sikil
5..mripat
6.tutuk.
7.kuping
8.irung
9.wadi.yo wis katon.dene papan (kraton) telu ugo wis dadi kang disebut.
1.GIRI LOKA.
2.HENDRO LOKA.
3.JANALOKA.
ibu banjjur slametan TELONAN kang artine KRATONKU TELUNG PANGGONAN WIS DADI yoiku kapernah DUWUR,TNGAH.LAN NGISOR.(UTEG,ATI,LAN WADI).
suwe2 dungkap 7 wulan aku yoso omah cagak papat lawang songo wis dadi,ugo komlit ubo rampene arupo.
1.. balung
2.sungsum
3.otot
4.getih
5.daging
6.kulit
7.wulu.ibu banjur gawe tengerreno pitu.kang sabanjure diarani PITONAN (LINGKEPAN) artine alat-alate omahhku pitung warno wis jangkep/kenno diarani bumi lapis pitu cagak papat lawange songo.
aku umur 9 wulan .ibu gawe bubur procot apem lan gedang kang diarani PROCOTAN LAN MEGENGAN.
procotan tegese: lahirku karebpe ben gangsar procot ora ono alangan sawiji opo.
megengan tegese: duk naliko aku arep lahir uwal soko ibu,tansah MEGEN...G NAPAS.sak teruse tangggal 1 poso slametan MEGENGAN,GEDANG APEM.
URIP kang ono badan wadag iku dununge ono ing TELENGE ATI ,kang kuwoso murbo amiseso omahku (jagad cilik).sak banjure tanggal 1 syawal ibu kurban sego punar,sing di arani SYAWALAN.tegese:aku wis uwal soko guwo garba dadi utusane GUSTI nindakake wajib'e URIP ono ing alam gumelar.
wiwit ono kadutane ibu nganti teko dino kelahiran mau,ugo isih duwe panguwoso jogo lan nylametake badan wadagku,semono ugo aku isih nguwasanii trimurti (GIRI LOKA,HENDRO LOKA,JANALOKA). bareng wis 5 dino utowo sepasar,panguwasaku kang ono GIRI LOKA di endih dene sadulurku papat limo pancer,kang kedadeyan soko cahyo patang prakoro,dewek'e nglungguhi ono ing KUPING,MRIPAT,IRUNG,LAN CANGKEM,anguwasani lawangan pitu(7)kang ono GIRILOKA.YOIKU BOLONGAN KUPING 2,MRIPAT2.IRUNG2.CANGKEM 1.LAN YEN ONO ING TOTO LAHIR DIARANI DINO PITU.
dewek'e duwe pangroso 5 prakoro iarani PONCO DRIYO.yoiku
1.pamireng
2.paningal
3.pangggondo
4.pangucap
5.pamikir...ing toto lahir diarani PASARAN LIMO.
sak banjur mlebu kumpul dadi siji ono ing kratone ROSO,ono ing HENDROLOKA,mapan ono sakjeroning ATI SANUBARI .BARENG AKU UMUR 35 DINO IBU KURBAN SEGO TUMPENG LAN IWEL2 diarani SELAPANAN.tegese:panguuwasaku kraton telu wis ddi selapi (diendih) karo sedulur papat limo pancer.
bareng aku umur 105 dino ibu ugo kurban sego tumpeng lan iwel-iwel diarani TELUNG LAPAN,tegese: panguwasaku ono ing telu2ne atunggal yo iku (CIPTO,ROSO,KARSO) wis di kuwasani karo PONCODRIYO.
yo wiwit dino iku aku wis ora duwe panguwoso babar ppisan,wiwit soko kraton 3 tekan badan wadag lapis pitu(7) wis di aku kabeh dening sedulur papat limo pancer,kahananku banjur soyo ambles manjero.mapan ono ing TELENGE ATI SANUBARI,dene omahku di enggoni lan di kuwasani,di atur olan dijogo dewe deneg seduluur papat limo pancer.
koyo mangkono kahananku aku tansah urip kablenggu dening sedulurku dewe,papanku rumit banget,pangguwasaku mung kari kango nguripi badan wadag,tujuanku urip kanggo memayu hayuning bawono ilang babar pisan,kamongko ing tembe aku kudu nanggung jawab-ake dewe marang GUSTI KANG MOHO KUWOSO.
OLAH KEPRIBADIAN AGUNGPAMBUDI72 ing wayah bengi iki...10/06/2010
JAGAT ALIT BAWONO SETRO Aku ono kandutane ibu umur sakwulan ,anggonku yoso badan wadag,ibu banjur kandeg (ora bulanan,sak banjure ibu gawe pakurbanan,(slametan) bubur suro,sak...teruse angger tanggal 1 syuro kaum ibu podo ngaweruhi sarana pakurbanan bubur suro ujude bubur suro iku digawe soko bubur putih kang di tumppanngi rajangan lombok abang lan rajangan dadar kuning iku mowo teges :kahananku,bakal badan wadagku kang telung warno,abang soko sari2ne geni,kuning soko sari2ne angin,putih soko sari2ne banyu,ing wektu iku bakal badan wadagku katambahan warno ireng soko sari2ne bumi liwat panggonan sing didahar ibu lan rumesep ing ari2 (wadahe pangan).

.1.BAYI UMUR 1.WULAN AKSORONE (DJO) disebut NUKAT GHAIB,banyune nurmani,segarane layar putih,gedhonge KUMOLAH arane RIRIS TANGIS.
Aku umur 2 wulan badan wadagku ujudte wis pating grendul,ibu banju4 gawe jenang grendul/jenang sapar/kang yektine diarani SAPARAN...

2.BAYI UMUR 2 WULAN AKSORONE (Y0)di sebut KOAT GHAIB, banyune nur buat,segarane r...ante arane KISMO DJATI.

Sakwise 3 wulan anggonku yoso badan wadag,badan wadagku wis wuujud cengkoronggan,yoiku . 1sirah 2.gembung 3.tangan. 4.sikil 5..mripat 6.tutuk. 7.kuping 8.irung 9.wadi.yo wis katon.dene papan (kraton) telu ugo wis dadi kang disebut. 1.GIRI LOKA. 2.HENDRO LOKA. 3.JANALOKA. ibu banjjur slametan TELONAN kang artine KRATONKU TELUNG PANGGONAN WIS DADI yoiku kapernah DUWUR,TNGAH.LAN NGISOR.(UTEG,ATI,LAN WADI)...

3.BAYI UMUR 3 WULAN AKSORONE (NYO) disebut RIDJALOLAH GHAIB,banyune NUR ROSO,segarane KUMOLAH , arane HYANG WIDHI.

4.BAYI UMUR 4 WULAN AKSORONE (MO) disebut RIKMO DJATI.banyune NUR KUMORO DJATI,SEGORONE BINDARI SUCI ,ARANE SANG HYANG ADJI.

5.BAYI UMUR 5 WULAN AKSORONE (GO) disebut DJO KUMOLO , banyune NUR KISMOYO, segarane IMOLOYO, arane SANG HYANG BRAHMO wujude SEDULUR 5(LIMO).

6.BAYI UMUR 6 WULAN AKSORONE (BO) disebut ROSO HENDRO MOYO,banyune NUR CAHYO,segarane KUMORO DHANU, arane MANU MANINGKEM MANUNGGALE KAWULO LAN GUSTI WUJUDE ROSO 6 (NEM)PRAKORO.

Hm ..hehehe yo wes yuk di lanjutkan lagi....suwe2 dungkap 7 wulan aku yoso omah cagak papat lawang songo wis dadi,ugo komlit ubo rampene arupo. 1.. balung 2.sungsum 3.otot 4.getih ...5.daging 6.kulit 7.wulu.ibu banjur gawe tenger reno pitu.kang sabanjure diarani PITONAN (LINGKEPAN) artine alat-alate omahhku pitung warno wis jangkep/kenno diarani bumi lapis pitu cagak papat lawange songo....

7.BAYI UMUR 7 WULAN AKSORONE (THO) disebut WARINGIN SUNGSANG banyune TALI ROSO,ROSO TALI,segarane segoro MADU NIRMOLO,arane HERU SETO DJINGGO MOYO DJATI. wujude KAWAH- ARI ARI.

8.BAYI UMUR 8 WULAN AKSORONE (NGO) disebut MAYANG KUMORO SARI, banyune MANIK GITO,segarane CUPU PURBO MISESO arane DJONO LOKO DJATI,wujude KAKANG MBAREP ADINE WURAGIL.

Aku umur 9 wulan .ibu gawe bubur procot apem lan gedang kang diarani PROCOTAN LAN MEGENGAN. procotan tegese: lahirku karebpe ben gangsar procot ora ono alangan sawiji opo. megengan tegese: duk naliko aku arep lahir uwal soko ibu,tansah MEGENG NAPAS.sak teruse tangggal 1 poso slametan MEGENGAN,GEDANG APEM. URIP kang ono badan wadag iku dununge ono ing TELENGE ATI..,kang kuwoso murbo amiseso omahku (jagad cilik).sak banjure tanggal 1 syawal ibu kurban sego punar,sing di arani SYAWALAN.tegese:aku wis uwal soko guwo garba dadi utusane GUSTI nindakake wajib'e URIP ono ing alam gumelar.

wiwit ono kadutane ibu nganti teko dino kelahiran mau,ugo isih duwe panguwoso jogo lan nylametake badan wadagku,semono ugo aku isih nguwasanii trimurti (GIRI LOKA,HENDRO LOKA,JANALOKA). bareng wis 5 dino utowo sepasar,panguwasaku kang ono GIRI LOKA di endih dene sadulurku papat limo pancer,kang kedadeyan soko cahyo patang prakoro,dewek'e nglungguhi ono ing KUPING,MRIPAT,IRUNG,LAN CANGKEM,anguwasani lawangan pitu(7)kang ono GIRILOKA.YOIKU BOLONGAN KUPING 2,MRIPAT2.IRUNG2.CANGKEM 1.LAN YEN ONO ING TOTO LAHIR DIARANI DINO PITU.

dewek'e duwe pangroso 5 prakoro iarani PONCO DRIYO.yoiku

1.pamireng

2.paningal

3.pangggondo

4.pangucap

5.pamikir...ing toto lahir diarani PASARAN LIMO.

sak banjur mlebu kumpul dadi siji ono ing kratone ROSO,ono ing HENDROLOKA,mapan ono sakjeroning ATI SANUBARI .BARENG AKU UMUR 35 DINO IBU KURBAN SEGO TUMPENG LAN IWEL2 diarani SELAPANAN.tegese:panguuwas
aku kraton telu wis ddi selapi (diendih) karo sedulur papat limo pancer.

bareng aku umur 105 dino ibu ugo kurban sego tumpeng lan iwel-iwel diarani TELUNG LAPAN,tegese: panguwasaku ono ing telu2ne atunggal yo iku (CIPTO,ROSO,KARSO) wis di kuwasani karo PONCODRIYO.
 

yo wiwit dino iku aku wis ora duwe panguwoso babar ppisan,wiwit soko kraton 3 tekan badan wadag lapis pitu(7) wis di aku kabeh dening sedulur papat limo pancer,kahananku banjur soyo ambles manjero.mapan ono ing TELENGE ATI SANUBARI,dene omahku di enggoni lan di kuwasani,di atur olan dijogo dewe deneg seduluur papat limo pancer.
 

koyo mangkono kahananku aku tansah urip kablenggu dening sedulurku dewe,.aku tansah urip kablenggu dening sedulurku dewe,papanku rumit banget ,panguasaku mung kari kanggo nguripi badan wadag,tujuanku urip kanggo memayu hyuning bawono ilang babar pisan ..kamongko ing tembe ..aku kudu nanggung jawab ake dewe marang GUSTI KANG MOHO KUWOSO...
 

9 .BAYI UMUR 9 WULAN AKSORONE (JI-WO) disebut HENDRO LOKO DJATI banyune NUR TIRTO MOYO,segarane TANPO TEPI arane SASTRO JENDRO YUNINGRAT WUJUDE SADAD TANPO SABDU.
 
banjur bayi lahir BYAR PADHANG.DJAGAT GUMELAR WUJUDE LINTANG DJOHAR DUMADI INGSUN...KANG ARAN 
AGUNG PAMBUDI...LAHIR ING  DESA BANGSAL KECAMATAN PESANTREN KEDIRI ..
AGUNG PAMBUDI

Tanggal Kelahiran

Tanggal Masehi: 10 Juni 1972, Sabtu Saniscara
Tanggal Jawa: 27 Bakda Mulud 1904, Setu Kliwon
Tanggal Hijriah: 27 Rabiul Akhir 1392

Dina, Pasaran: Setu, Kliwon
Windu, Lambang: Adi, Kulawu
Warsa: Be
Wuku: Kuningan
MĆ“ngsĆ“: Karolas-Asuji (12/05 s/d 11/06)
SadwĆ„rĆ„/ParingkĆŖlan: Mawulu
HastĆ„wĆ„rĆ„/Padewan: Brama
SĆ„ngĆ„wĆ„rĆ„/Padangon: Dadi
SaptĆ„wĆ„rĆ„/Pancasuda: Tunggak Semi
Rakam: Sanggar Waringin
Paarasan: Lakuning Bumi

Perwatakan berdasarkan Weton dan Wuku

Tanggal Masehi:10 Juni 1972, Sabtu SaniscaraTanggal Jawa:27 Bakda Mulud 1904, Setu KliwonTanggal Hijriah:27 Rabiul Akhir 1392

Watak berdasarkan weton

Dina:Setu
Membuat orang merasa senang, susah ditebak.Pasaran:Kliwon
Pandai bicara dan bergaul, periang, ambisius, urakan, kurang bisa membalas budi, setia pada janji, ceroboh memilih makanan, banyak selamat dan doanya.HastƄwƄrƄ/Padewan:Brama
Tidak sabaran, emosional.SadwƄrƄ:Mawulu
(Benih) Was-was dan curiga.SƄngƄwƄrƄ/Padangon:Dadi
(Kayu) Berselera tinggi dan tidak mau dilebihi orang lain.SaptƄwƄrƄ/Pancasuda:Tunggak Semi
Rejekinya selalu ada, akan habis tetapi mendapatkan lagi.Rakam:Sanggar Waringin
Teduh hatinya, suka memberi perlindungan.Paarasan:Lakuning Bumi
Melindungi, mengasuh, sabar, mengalah.

Watak berdasarkan wuku

Wuku : Kuningan
  1. Dewa Bumi : Bethara Indra.
  2. Pohonnya Wijayakusuma : Rupawan.
  3. Burungnya Urang-urangan : kikir.
  4. Kuningan pinuteja : tercerahkan, selamat.
  5. Aralnya : diamuk / dikeroyok.
  6. Sedekah / sesaji : Sega punar dang-dangan beras senilai zakat fitrah, lauknya rancaban serba digoreng.
  7. Do'anya : selamat kabul, slawatnya : uang baru 25 ketheng.
  8. Kala Jaya Bumi : ada di barat menghadap ke timur. Saat wukunya berjalan selam 7 hari, sebaiknya menghindari bepergian menuju arah barat.
  9. Kuningan tata paruthul : Gersang, jangan menanam pohon yang diambil kayunya.
  10. Wuku Kuningan baik untuk menjalin persaudaraan, mecari nafkah, menolong orang.



6 komentar:

  1. http://alam-malai.blogspot.com/search?updated-min=2013-01-01T00:00:00%2B08:00&updated-max=2014-01-01T00:00:00%2B08:00&max-results=2

    BalasHapus
  2. Buku itu menerangkan Alam MALAI (peradaban sundaland) sebelum Tsunami Besar yang melahirkan Danau Toba

    BalasHapus
  3. trimakasih mas azmi ghnai atas hadirnya salam Rahayu Sagung Dumadi

    BalasHapus
  4. Mugi tansah pinaringan karaharjan

    BalasHapus
    Balasan
    1. Dawah Atur Ingkang Sami,Matus sagunging Panuwun Rawuhipun Rahayu sagung Dumadi

      Hapus
  5. Njenengan sakniki taseh gesang nopo mboten pak?

    BalasHapus