Selasa, 04 Desember 2012

NEPTUNING DINA NEPTUNING PASARAN

NEPTUNING DINA NEPTUNING PASARAN Ahad = 5 Legi = 5 Senen = 4 Pahing = 9 Selasa = 3 P o n = 7 Rabu = 7 Wage = 4 Kemis = 8 Kliwon = 8 Jum’at = 6 Sabtu = 9 DINA KALAHIRAN SARTA PANGURIPANE Minangka pinuju kalairanipun kapendhet saking gunggungipun neptu dinten lan pasaran, lajeng dipun wuwuhi kalawan neptunipun sasi : muharram neptunipun setunggal Rajab neptunipun tiga Shafar neptunipun tiga Sya’ban neptunipun gangsal Rabi’ulawal neptunipun sekawan Ramadhan neptunipun enem Rabi’ulakhir neptunipun enem Syawal neptunipun setunggal Jumadi’lawal neptunipun pitu Zulkaidah neptunipun kalih Jumadi’lakhir neptunipun kalih Zulhijjah neptunipun sekawan Kapendhet saking neptunipun sasi kalairan, Sakmenika gunggungipun wau menawi langkung saking 10, lajeng ditilar 9, pinten sisanipun. Menawi sisa : 1. 2 utawi 6, menika wiji Lor, kang dados panguripanipun dagang, sanadyan kalih liya- liyanipun sampun benten kaliyan dagang. 2. 3 utawi 5, menika wiji kilen, panguripanipun laku Santri, sanadyan kalih liya- liyanipun, sampun benten kaliyan saking laku Santri. 3. 1 utawi 4, menika wiji Wetan, panguripanipun lakui priyayi, sanadyan kalih liya-liyanipun, sampun benten kaliyan saking laku Priyayi. 4. 7 utawi 8, menika wiji Kidul, panguripanipun among tani, sanadyan kalih liya- liyanipun, sampun benten kaliyan among tani. 5. 9, menika dipun wastani : tanpa tenggak tanpa siran, inggih menika wiji Raja, watakipun boten kenging dipun perintah, malah mrentah. PETUNG PANCA SUDA WATAKING MANUNGSA SAKA DINA KALAIRANE Dina Ahad Legi : Sumur Sinaba Paing : Wasesa Sagara Pon : Bumi Kapethak Wage : Satria Wibawa Kliwon : Lebu Katiyub Angin Dina Kemis Legi : Satria Wibawa Paing : Lebu Katiyup Angin Pon : Satria Wibawa Wage : Tunggak Semi Kliwon : Bumi Kapethak Dina Senen Legi : Tunggak Semi Paing : Wasesa Sagara Pon : Sumur Sinaba Wage : Wasesa Sagara Kliwon : Satria Wirang Dina Jum’at Legi : Satria Wirang Paing : Tunggak Semi Pon : Lebu katiyup Anging Wage : Sumur Sinaba Kliwon : Wasesa Sagara Dina Selasa Legi : Wasesa Segara Paing : Satria Wirang Pon : Satria Wibawa Wage : Lebu Katiyub Angin Kliwon : Sumur Sinaba Dina Sabtu Legi : Bumi Kapethak Paing : Satria Wibawa Pon : Wasesa Sagara Wage : Satria Wirang Kliwon : Tunggak Semi Dina Rebo Legi : Sumur Sinaba Paing : Wasesa Segara Pon : Bumi Kapethak Wage : Satria Wibawa Kliwon : Lebu Katiyub Angin * Nyuwun gunging pangaksami bilih wonten ngandhap punika mawi Basa Jawi ngoko. PETUNG PANCASUDA Kangge nikahake temanten. Ing ngisor iki petungan ala beciking dina kang prayoga kapilih utawa sinirik lamun arep nikahake panganten, miliha dina kang becik kanggo nikahan. Anjupuka neptuning dina lan neptuning pasaran ginunggung, ananging neptu-neptu mau kudu awewaton neptu-neptu kang kang tumrap petungan Pancasuda- Ringkes, yakuwi: NEPTUNING DINA NEPTUNING PASARAN Ahad neptune 3 Legi neptune 2 Senen neptune 4 Pahing neptune 3 Selasa neptune 5 P o n neptune 4 Rabu neptune 6 Wage neptune 5 Kemis neptune 7 Kliwon neptune 1 Jumat neptune 1 Sabtu neptune 2 Lamun gunggungan saka neptuning dina lan neptuning pasaran mau tinemu wilangan : 1. 7, iku tiba petungan : Nuju Padu, watake panganten utawa wong tuwane tansah tukar padu nganti salawase . 2. 2 utawa 8, iku petungan : Demang Kandhuruhan, watake panganten utawa wong tuwane sok nemu lara. 3. 3 utawa 9, iku petungan : Sanggar Waringin, watake panganten utawa wong tuwane sok nemu bungah lan seneng. 4. 4 utawa 10, iku petungan : Mantri Sinaroja, watake panganten utawa wong tuwane sok nemu karaharjan lan kasenengan. 5. 5 utawa 11, iku petungan : Menjangan Ketawan, watake panganten utawa wong tuwane sok kelangan utawa wong akeh sok ana kang duwe niat ala marang dheweke. 6. 6 utawa 12, iku petungan : Nuju Pati, watake panganten ora suwe, bakal pegat mati utawa pegat urip, tur akeh kasusahan kang tinemu. SEJARAH DINTEN PEKENAN WULAN TAUN PAWUKON SA’AT TUWIN WINDU Kanjeng Nabi Idris saweg jumeneng Nata wonten ing nagari Malebari, punika karsa angleluri, anulad amastani dinten. Semanten etanging taun surya 1020 taun awit saking Kanjeng Nabi Adam. Ing ngandhap punika pratelanipun dintenSamsu, Kammar, Marih, ‘Atarit, Mustari, Johar lan Jokal Punika panganggitipun dinten ingkang kaping sepisan. Nomer kekalih Kanjeng Nabi Idris, saweg jumeneng Nata wonten nagari ing Babel, lajeng Kanjeng Sultan Harmasulhakim, karsa anganggit amastani adamel dinten malih, anuju ing taun surya 1028. Ing ngandhap punika pratelanipun dinten Awal, Ahwal, Dibar, Jibari, Munisa, ‘Arobah lan Sayar. Punika panganggitipun dinten ingkang kaping kalih. Ing ngandhap punika etangan warsa: # Kamal # Sur # Joja # Sirtan # ‘Asat # Sunbullah # Mijan # ‘Akrab # Kus # Jadi # Dalwi # Kut Wonten ing P. Jawa ingkang jumeneng Nata Sri Maha Raja Buddhawaka, negari ing Gilingwesi, anenulad anganggit dinten, ingakng setunggal dinten 5, kekalih dinten 7, tetiga wanci 5 dipun wastani sa’at, sakawan masa, panganggitipun Resi Raddhi sakawan wau sinangkalan : Masa angler manglar (taun 296). Dinten 5 Legi Paing Pon Wage Kliwon Dinten 7 Radite Soma Anggara Buddha Respati Sukra Saniscara Wanci 5 kawastanan sa’at Maheswara Bisnu Brahma Sri Kala Masa 12: Kartika Pusa Manggasri Sitra Manggakala Naya Palguna Wisaka Jita Srawana Padrawana Asuji Jumeneng Ratu Rama ing Ayodya, Kraton binathara, ambawahaken tanah Hindhu sadaya, pujangga tetiga, sami anganggit lambang piyambak- piyambak, dipun wastani windu, panganggitipun windu, empu tetiga wau, sinangkalan : Rasa warna suci (446) Windu anggitanipun Resi Walmiki: Windu Adi Windu Sancaya Windu Kunthara Windu Sangara Windu Kawanda Windu Wahana Windu Sangkaya Windu Pranila Windu Tirta Windu Antara Windu Manggada Windu Murka Windu anggitanipun Resi Wisakarma : Windu Kawanda Windu Wahana Windu Sangkara Windu Pranila Windu Tirta Windu Tirta Windu Manggada Windu Murka Windu anggitanipun Resi Wasusarma Windu Kararti Windu Kara Windu Setra Windu Karta Windu Praniti Windu Pranila Kanjeng Nabi Muhammad S.a.w punika inggih karsa anenulad, amastani adamel dinten utawi wulan taun, panganggitipun nalika yuswa 33 taun, taksih jumeneng wonten ing Mekkah, sareng yuswa 40 taun pindhah dhumateng nagari ing Madinah ing warsa Je jumeneng wonten nagari ing Madinah 25 taun seda, lajeng kasarekaken kadhaton ing Madinah.Amangsuli cariyos panganggitipun ing dinten wulan taun, sinangkalan : Tata pandhita gati (575) Dinten 7 : Ahad Isnain Salasa Arbaa Khamis Jum’at Sabtu Taun 8 : Wawu Jimakhir Alip Ehe Jimawal Je Dal Be Wulan 12 : Sura Sapar Mulud Rabi’ulawal Rabi’ulakhir Jumadilawal Jumadilakhir Rajab Sa’ban Ramadhan Syawal Dzulka’idah Besar..

2 komentar:

  1. salam kenal mas agung..., nyimak sedoyo blog njenengan kok luhur banget nguri-uri budaya leluhur (jowo). lan nopo ingkang njenengan wedar niku kok kaweruh ingkang sami kalian wahyu (satro djendro hayuningrat pangruwating hiyu) ingkang dipun tampi kalian wisnu naliko jaman padewan nanging bahasane mawon sanepan,,,,. sekedap malih kejayaan mojopahit ingkang putus tekan brawijoyo v kesambung malih kalian njenegan lan dipun pandegani kalian putro jagad nduk ingkang keparing tenger cundo manik. naliko jaman padewan dateng arjuno sosrobahu (titise wisnu), jaman kerajaan dateng putri campa garwo sinuwun brawijoyo v damarwulan (titise wisnu), jaman edan manggon dateng putro jagad ingkang lahir saking alas purwo,,,,. nun sewu nderek tanglet menopo njenengan kakangipun (tunggal buyut) mas soni hadi wahyono ingkang manggen dateng dsn. jombok jombang? matur nuwun,,,,,

    BalasHapus