Senin, 15 Agustus 2011

PASUWITANING AGESANG. (sangkan paraning dumadi)


PASUWITANING AGESANG

(sangkan paraning dumadi)

oleh Agung Pambudi pada 12 Juni 2011 jam 23:59

Mangka wajibing tumitah

Sapisan, suwita Gusti:

“Eling lamun gesangira

iku sadherma nglakoni

narima sihing Gusti

kojur mujur kang tinemu

awas mring wajibira

limrah kaprahing ngaurip

ora ana wong urip tanpa sangsara.”


Kapindho, benering titah

kuwajiban angleluri

leluhurira priyangga

lelantaran Hywang Widdi.

Patrape mung taberi

tawekal lawan tuwajuh

marang sabda sasmita:

“Dhawuhing para linuwih.

Nora ana Hywang Widdi angandika.”


Patrap pangestining sabda

kanthi ENENG* lawan ENING*

Nyatane gelem wani

ngandel kumandel ing kewuh.

Samangsane kataman

Estine nora gumingsir

Aja nganti angesti gawe sangsara


Eneng = suwunging kang rasa

Ening =menebe si pikir


Ping telu, wajib suwita marang Ingsune pribadi:

Rumangsa dunung manungsa weruh marang bener becik

Iku rumeksing adhil lan kodrating Hywang Agung

Pana pamintanira empan papaning dumadi

sabar sareh nggone amengku aksama


Kaping pat, suwitanira marang Uripe pribadi

iku rasaning sasami pramana ing tindhak-tandhuk

mbangun turut ing karsa papesthen pandoming Gusti

Ora ana barang dumadi sulaya


Ping lima, suwitanira marang Patine pribadi

tegese angreksa raga, gemati anggone angrukti

lamun nemah njenjirik kurang mangan kurang turu

malah kena ingaran nora angajeni dhiri

tan sumurub ing arahing patinira


Yen budine tan sumarah, tegese lali ing wajib

Aku-ne nora sadharma anggaduh pati lan urip

lantaran yayah-wibi dadi saka Kana-Anu [kawah-ari-ari]

mula den weruhana kabeh wajibing ngaurip

aja sungkan mundhak amung kapitunan


Wus wiwit dhek jaman purwa nganti tumeka saiki

durung ana wong kang bisa pramana lakuning urip

Nadyan Ingsun duk nguni uga jeneng numbuk-numbuk

mulane putuningwang Ingsun bisa anuturi

awit biyen pancen ngalami priyangga.


Sewe lara sewu wirang,

tebsane wong pambudi

benere laku utama mengkono uga sayekti

para luhurmu sami rekasane uga tumpuk undhung

Kaya wus karsaning Hywang Samengko lagi pinanggih

sewu beja sira kabeh bisa nampa

Uwohing cipta pramana kabeh leluhurmu sami binuka dadi pusaka Purwa mahagena yekti mulane pilih janmi kang bisa kanggonan iku nampa sabda pusaka pepundhening Tanah jawi lamun nora piniji dening Hywang Suksma


Sira bae putuningwang kang sambada ing pakarti

anggonira nyandhi sabda warsitane pra linuwih kanthi murnining budi tegese nora tumpang suh Aku lan Ingsun-nira mrih papane ing pangrukti dimen tumus beninge leluhurira

Aja mundur yen kataman sakserik lan wirang isin iku tetering Hywang Suksma dedalan dununging wajib sakeh bebaya yekti iku rubane dharmamu dadine lelabuhan Yen aku tan ngrumangsani Ingsunira parek ing ngarsaning Suksma.

Panji Asmarabangun dan putri Galuh Candrakirana

Tidak ada komentar:

Posting Komentar