Senin, 29 Agustus 2011

SLAMETAN TINGKEP (SANGKAN PARANING DUMADI)

SLAMETAN TINGKEP 
(SANGKAN PARANING DUMADI)


YEN nggarbini (meteng 7 wulan),banjur tingkeban katibak ake dino rebo utowo sabtu,ing tanggal ganjil sakdurunge tanggal 15.kang nggarbini disirami lan dikramasi ,dene aduse nganggo siwur kang isih ono kambile,(kambile ora dicukil),aduse kanggo banyu sekar (warno 7) diwori mangir,pandan wangi lan godhing kemuning,kang ngeduse dukune utowo sanak sadulure,dene lungguhe ing dingklik,dilemek'i kloso,lan godhong godhongan,apa-apa kluwih,kara,dhahap srep.alang -alang lan lemek kang bongso sembet,yoiku.letrek,jinggo,bangun tulak,sindur,sembagi.slendang lurik puluh watu,yuyu sekandhang lan lawon.

dene sajene.

1,sego janganan lan jajan pasar.
2.jenang,aabang,putih,baro-baro,lan jenang procot.
3.sego garing kadele,kacang lan wijen digoreng sangan banjur gongso.
4.emping ketan(ketan mentah kagoreng sangan dikarawu,kasisiran gulo jowo.
5.tumpeng rombyong (tumpeng diwadahi cething,didekek'i endog wajar,iwak,trasi,brambang lan lombok,,iku disunduk'i,lombok'e ono ing nduwur dewe,banjur kacublesake ing pucuk-ing tumpeng,dene ing kiwo tengene mubeng dicublesi sunduk-an gerih,krupuk lan janaganan koyoto,kacang,kobis,lan sakpanunggalane.

6.penyon (glepung bersa dijuri banyu,digawe rupo monco warno,kuning ,ireng ,putih,abang,lan sak pinunggalane,dilentreng -lentreng sap-sapan,banjur didang di iris -iris.)

7.sampora (glepung beras dijuri santen,diembo bathok mengkurep,ing njero digulani banjur kalangseng.)

8.pring sedhapur.(glepung beras mateng dijuri banyu kapetha tumpeng.cilik 9 jodo,banjur ditancepi glindingan glepung beras sajenthik -jenthik monco warno.

sakwise siram resik,banjur diwuloni dhukun lan banjur salin monco warno pasatan ,di ubedi lawe abang,putih ,ireng,nanging nglowong adoh lan weteng ,banjur moro tuwane utowo dhukune nibakke tropong (pirani ngikal lawe) kang nampani tropong biyunge dewe utowo dukune ,karo muni,LANANG AREP ,WADON AREP,JANJI SLAMET,BANJUR NIBAK AKE cengkir gading kagambar KAMAJAYA RATIH,JANAKA SUMBODRO,UTOWO.PANJI LAN CONDRO KIRONO,ugo muni .yen lanang koyo ,KAMAJAYA,JANOKO,PANJI....YEN WADON KOYO.RATIH ,SUMBODRO UTOWO CONDRO KIRONO.

SAKWISE banjur mlebungomah ngadek sak ngareping patanen (senthong tengah) ing kono wis disediyani tapih lan kemben pitu-pitu ,di enggo ganti-ganti kakendhok ake bae,nganggo sepisan,ing kono poro sepuh ono kang ngelok'ke durung patut,banjur di plotrok ake,salin seje sejene iyo diaruh aruhi maneh yen durung patut,mangkono sak teruse  nganti kaping pitu anggone salin ,meksa durung kabeneran,ngani tapih kembene  nglumbruk ora keno disingkirake.serta banur dilungguhi,sakwise mangkono banur ngango nganggo sandangan kang sakbenere ,yo iku tapih batik tuntrum,kemben dringin,tanpo klambi lan ora keno nganggo suweng,ali-alai,gelang kalung lan kembang,banur dilelok ake ..wis PATUT.
olah kepribadian agung pambudi ahir romadhon.1432 h. in batavia

Tidak ada komentar:

Posting Komentar